pidato pasrah panganten


Assalamualaikum Wr Wb

Nuwun, bapak saha ibu, para sepuh, sesepuh ingkang kula paring pangurmatan ugi sedherek sedherek ingkang rawuh wonten mriki. Bapak saha ibu (besan), kula angaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh panjenengan, kula saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

Mongga kita sedaya panjetaken puja puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang paring kaselametan lan Rahmadipun dumateng kita sedaya.

Bapak saha ibu (…..) rawuh wonten mriki bade maringaken putra jaleripun, penganten kakung ingkang asmanipun Raden Bagus(….) sinartan peparing manekawarna, kula sanget-sanget angaturaken gunging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah.

Salajengipun Bapak(…)sampun kepareng paring kapitadosan dhumaten kula babagan kelampahanipun dhauping penganten ing mangke kula sendikani. Sanajan sagaduk kuwawi kula.

Ing punika, panjenengan kalian sedherek sedherek kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kula cawisaken, sumene ngiras pantes angestreni dhauping penganten. Dene wonten kiranging boja lan krama kula anggen kula anampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparengan maringi agunging pangaksama.

Cekap semanten atur kula,


Wassalamu'alaikum wr.wb.

Postingan populer dari blog ini

DINAMIKA KETATANEGARAAN RI